Geguritan yaiku lelakon kang mawa purwakanthi, diperang dadi loro.
1. Geguritan tradisional dipurwakani ukara "Sun Gegurit".
2. Gegutitan modern ora ana patokane kang baku.
Tuladha
Jalur Lambat
Satemene kabeh wis padha ngerti
Gunane jalur lambat iku pancen mlingi
Kanggo kendharaan kang tanpa mesin
Nanging nyatane jebul mung ana tembung
Maneka warna kridha mapan ana kana
Kinarya srana ngudi sumbering rejeki
Satemene uga padha sadhar lan nglenggana
Menawa jalur lambat iku dudu hake
Nanging yen wis tekan urusan upa
Rasa kamanungsan lan tepa slira wis ora ana
Anane mung padha mentingake butuhe dhewe
Wong liya sensara ora bakal dirasa
Emane para nayaka kang kawongan
Kaya-kaya wis kelangan kawibawan
Tan bisa ngemban amanat ing pundhake
Tan bisa njejegake pranatan kanthi samesthine
Kamangka wis nyekel payung ukum kang bakoh
Nyatane mung padha pah-poh kaya buta lempoh
Sejatining Urip
Apa sing kawaca ing sakedheping netra
mbabar lelakoning jagad kang maneka warna
Tumapaking urip tumujuning pati dadi dalaning
panguripan sejati
Rodhaning jaman kang trus lumaku napaki,
nrabas lan uga mlayu mggeret kang dadi
sesanggan ing donya kasunyatan
Iki sejatining urip bola-bali apa kang ngaurip
mesthi bakalan karangkul pati
Ananging awitan mesthi ana kang dadi
pungkasan
Hem, ya...ya...ya... iki sejatining ngaurip
kang mbabar lakon saengon enggon supaya
padha tinulat eling, lan uga waspada
Sumber : Wibawa kelas VI